Minggu, 30 November 2014

Guritan : Dongaku



Guritan  1:
Markus Basuki
DONGAKU

Ngger… angger , pangarep-arepku …
gage, tangia saka turu dawa
waspadakna kanthi weninging ati
jaman owah gingsir mbludak larahan rereged
janma tan aji, bandha diaji-aji
isin wirang wus lampus
agama ageman njaba.
Apa bathari Durga tedhak klawan baju barate?
Apa Hyang Kala nedya nagih sukerta?
Apa iki pratandha pungkase jaman?

Ngger … angger, otot bayuku …
gage, njenggelek lan ngadega
kareben weruh jagad jembar mosak-masik
kareben ngrasa lindhu gedhe gendra.
Genea tan sigra lerep lerem tentrem?
Genea Hyang Wenang kaya tan uninga?
Genea Jawata kaya tanpa daya,
paring tirta katentreman?
Genea … genea??

Ngger … angger, pepudyanku …
gage, jumangkah lan mlayua!
Oyaken playuning jaman
sipat kuping uberen  bantere mimis
sira mesthi bisa, sira mesthi digdaya …!
Delengen, ibu pertiwi jumurung nyengkuyung
bandha bandhu sugih brewu.
Iku kabeh duwekmu!

Ngger … angger, sang sinatriya …
delengen bang-bang wetan wus miyak
jabang bagaskara anyar mecungul sumringah
nggusah mengsah pepeteng jagad!
Ngasta gandhewa ajemparing adil
pratandha jaman anyar wus kababar
pratandha urip anyar wus kawuwus.
Iku kabeh duwekmu!

Ngger … angger, pangreh jaman kencana …
jangkahmu isih dawa
wawasanmu tambah amba
jamanmu jaman kencana
tumuju satus taun bangsa mardika.
Ing bening weninging cipta, ana swara telenging rasa:
Wus titi wanci, wus titi mangsa
kita dadya bangsa kencana …!!
Iku kabeh duwekmu!
Dongaku …!!

Malang, 18 Desember  2013




Guritan  2 :

Markus Basuki
ING DINA WIYOSAN DALEM


Ing dina wiyosan Dalem,
Udan nggrejih awan bengi,
Dalan mblekuk , blethok kandel theklek nggedibel
Ijo royo-royo tetanduran tumata
Ayem tentrem ingati sumunar
Kidung pepudyan kumelun dupa
Wiyosan Dalem ndhedhes ing manah prasaja.
Ngger, iki mung gegambaran kapanging ati
Sang Nata tedhak  sunyata
Ing dina wiyosan Dalem,
Udan nggrejih awan bengi,
Dalan amba kebak janma,
gerenging  raja matumpakan gilir gumanti
gendhing tembang tan kendel mungel
priya wanita sulistya ing warna
busana gumebyar pindha kartika
kaya tan ana rubeda ing ati.
Nanging ngger, genea atimu goreh?
Genea atimu kothong??

Ing dina wiyosan Dalem,
Udan nggrejih awan bengi,
Kabeh wus sumadya
Mapag Sang Narendra!
Nanging, endi cahya-Ne?
Endi gebyar-E?
Ngger, jebul kabeh suwung!
Uripku suwung …
Sepi mamring pasamuwanku!

Ing dina wiyosan Dalem,
Udan nggrejih awan bengi,
Kalen kali luber warih!
Papan dunung teles kebes!
Bandha kanyut katut banyu butheg.
Ngisor kreteg saya mamring
Janma linggih sedheku …
Adhem atis makikliken …
Tanpa tangis, tanpa supata!
Nanging, genea atiku bungah??
Genea atiku kebak kidung??
Ngger, delengen premati
Sang Pamarta lenggah sinewaka!!

Malang,  Desember  2014




Guritan 3 :
Markus Basuki
BRAHALA ANYAR*)

Donya tanpa daya
ngendheg lakuning jantra
Kadya sewu gara-gara, horeg, lir lindhu sasra
Mbokmenawa, pethite Hywang Hanantaboga
tan kuwawa nyangga
bantere owah-owahan

Iki dudu jaman Kalabendu
Uga dudu jaman kamardikan
Iki jaman reja mulya
Janma dadya raja
Ngratoni jagad raya

Nanging, geneya …
Ati garing jiwa suwung?
Guyup rukun ayem tentrem tan ana
Tata karma suba sita saya langka
Rasa dosa isin wirang ilang musna!

Waspadakna …
Donya ana regeman gegem
Adoh tan adoh, cedhak tan cedhak
Kadang dadya mengsah, mungsuh kadi sadulur
Wasis pinter wus kablinger!

Nanging, kaki nini …
Ywa cilik atimu, aja ciyut nalarmu!
Ing kene sawah tegalku, iki jejibahanku!
Guru …
Panjer, punjeran, paugeran satuhu!
Iki timbalanku, iki otot bayuku!
Ngerksa jiwa-jiwa generasi anyar,
Generasi kencana!
Aja nganti …
jaman maju  … dadi brahala …!!

Malang, 28 Desember 2013

*) Puisi ini memenangkan lomba Puisi Jawa HUT yayasan Karmel 2014 (juara I).




Cerkak 2



KAPTEN BIMO*)
Dening : Markus Basuki

Aku lagi bae arep lungguh ana ruwangan guru, rikala Bu Rosa, pegawai Tata Usaha nemoni aku. Wektu iku aku lagi bubar mulang terusan nganti 6 jam pelajaran. Karepku arep ngaso sedhela lan ngombe wedang teh kanggo nelesi tenggorokan sing krasa garing. Dina iki pancen aku ora kober ngaso jalaran kelasku klebu paling adoh saka kantor guru, mula kala pergantian jam pelajaran aku ora ninggalake kelas.
“Pak, dipuntengga tamu!,” ujare kenya kang durung ganep nem sasi ngabdi ana sekolahku.
“Tamu saka ngendi?,” pitakonku sajak gumun. Sasuwene iki aku arang banget nampa tamu yen lagi dhines, kajaba tamu wali murid.
“Asmanipun Pak Bimo. Ketingalipun satunggiling perwira TNI,” wangsulane Bu Rosa. Mak dheg, rasane atiku. Gek sapa ya, batinku kebak pitakon. Thukul ing pamikirku, aja-aja gek ana prakara sing gegayutan karo hukum. Utawa aja-aja aku gawe luput marang salah sijine muridku, sing bapake sawijine perwira TNI. Sadurunge nemoni tamu mau aku ngleremake ati sarana ngombe wedang nganti entek. Aku unjal ambegan banjur alon-alon mlaku tumuju ruwang tamu sekolah. Saka kadohan aku bisa nyipati ana sawijine priyayi gagah gedhe dhuwur ngagem sragam tentara. Saka kadohan katon yen pangkate rada dhuwur. Yen ora kleru priyayi kuwi pangkate kapten. Taksawang ora ana tandha-tandha yen lagi nesu. Malah astane ngapurancang karo mesem karo aku. Atiku rada ayem.
“Sugeng enjang Pak!,” ature sopan.
“Sugeng enjang. Panjenengan sinten? Lan wonten keperluan punapa manggihi kula?,” pitakonku sajak ora mudheng.
“Pak, punapa panjenengan pangling? Kula murid Bapak!,” ature karo ngulungake astane saperlu salaman.
“Sinten nggih?,” aku panggah durung mudheng, malah saya ndomblong.
“Pak sampun basa ta! Kula murid Bapak ing SMP ngriki, tamat taun 1993. Kula Bimo Pak. Jangkepipun Aloisius Bimo Anoraga. Rumiyin ingkang nakal sanget punika lho!,” ature menehi penjelasan. Aku lagi eling, iki Bimo sing biyen pancen nakal kae.
“Bimo … Bimo! Wah wah wah … saiki lha kok jebul dadi wong temenan kowe!,” gapyuk aku banjur ngrangkul priyayi gedhe dhuwur iku. Aku ora bisa ngucap maneh, luhku ndlewer eling lelakon jaman semana.
“Pak, kula saged kados makaten punika jalaran saking Bapak. Kula ngaturkaken agenging panuwun Pak!,” ature Bimo karo ngusap luhe kang uga dleweran. Bimo pancen nduwe sejarah surem rikala isih sekolah SMP. Lan aku kalebu guru sing mati-matian mbela Bima rikala kesandhung masalah ana sekolah. Aku ora bisa wangsulan. Atiku mbedhedheg kebak rasa, seneng, trenyuh, sedhih, mongkog lan nelangsa campur bawur dadi siji. Pikiranku nglambrang marang kedadeyan rongpuluh taun kepungkur.

***
Kala semana mbeneri persiapan Ujian Akhir. Ing sajrone rapat guru ana prakara wigati sing dirembug. Ana salah sijine murid sing nglanggar peraturan abot, yaiku gelut karo bocah saka sekolah liya. Miturut tata tertib, kanggo kasus kaya mangkene sekolah bisa langsung ngetokake laying kang isine, murid mau dibalekake marang wong tuwane. Lan murid sing kena kasus mau ora liya, Bimo.
“Miturut cathetan, Bimo punika sampun mbolos ambal kaping 12. Mangka miturut tata tertib, ing satunggaling semester namun pikantuk mbolos kaping 6. Lha, punika katambahan kasus awrat: gelut kaliyan murid saking sekolah sanes. Pramila, kula gadhah usul, lare punika dipundalalen kemawon. Menawi boten, mangke saged suka pengaruh awon tumrap murid sanesipun!,” mangkono ature  Pak Budi, kang ngurusi bidhang kesiswaan.
Rapat saya panas, jalaran para guru wis padha tau kecenthok atine amarga Bimo. Bapak Kepala Sekolah dhewe durung paring keputusan. Bapak ibu guru isih diparingi wektu kanggo atur pamrayoga, supaya keputusan mengkone ora gawe kapitunan tumrap sekolah lan tumrap Bimo dhewe. Atiku goreh. Minangka sekolah swasta, pancen kudu wani ngetrapake disiplin. Nanging, Bimo iki sedhela maneh kudu ngadhepi ujian pungkasan. Yen ditokake saka sekolah mesthi dheweke ora bisa sekolah maneh. Aku tau krungu dhewe Manawa keluargane Bimo iku uripe rekasa banget. Nanging yen pelanggaran abot mau ditogake, bisa-bisa  sekolah iki bakal bubrah! Ing batin aku ndonga, muga-muga Gusti paring dalan sing padhang, paring keputusan sing wicaksana. Wusana kanthi ati kebak rasa kuwatir aku matur ana tengahing rapat.
“Bapak ibu, kula gadhah pamanggih makaten. Wekdal punika miturut kula, kita kedah ngatos-atos damel keputusan, jalaran boten dangu malih lare-lare badhe ujian. Kita sami saged ngraosaken, bilih lare-lare punika estonipun manahipun sami kebak rasa kuwatir ingkang awrat. Kula gadhah panduga, yen Bimo punika ugi ngalami raos makaten. Pramila, kula gadhah pamrayoga, bilih Bimo kedah pikantuk pendampingan ingkang mironggan,” aturku. Aku ngerti para guru akeh sing ora sarujuk karo usulku. Akeh sing nyucuh, maido, malah ana sing cubriya karo aku. Ana sing nduga, aku nduwe kepentingan pribadi ing prakara iki.
Rapat tambah panas, rikala wali kelase dhewe ora lila yen Bimo diwenehi kesempatan melu ujian. Aku kaya-kaya ora ana sing mbela, ora ana sing sarujuk. Ngertiku, sing sarujuk karo panemuku mung guru BK. Bu Yani, guru BK sing wis bola-bali ndangu Bimo, atur pamrayoga ing tengahing rapat.
“Bapak ibu, kula sarujuk kaliyan aturipun Pak Basuki. Bimo punika ibaratipun saweg sakit. Miturut kula piyambakipun kedan kabiyantu murih saged saras. Yen lare punika dipun dalaken saking sekolah mriki, punika ibaratipun tiyang sakit malah dipunbucal!,” ature mantep banget. Aku rumangsa dijurung dening Bu Yani. Ing ati aku isih ndonga muga-muga Bimo bisa tetep sekolah lan bisa lulus kanthi lancar. Lha rak tenan, ature Bu Yani pancen nambahi swasana dadi panas. Nanging daksawang Bapak Kepala Sekolah tetep sareh, ora kena pengaruh karo panase swasana.
“Bapak ibu ingkang kula urmati, mangga kita sami wening sawetawis. Mangga, kita sami nglelimbang, saumpami Bimo punika anak kita piyambak. Margi pundi ingkang badhe kita tempuh? Mangga, kita wening lan pados keputusan ingkang wicaksana.” Bapak Kepala Sekolah ngendika kanthi alon kebak pangati-ati. Swasana kang panas mau dumadakan malih dadi lerem, sepi. Ora ana maneh kang nduweni usul supaya Bimo ditokake saka sekolah.
“Pak, kula gadhah usul. Bimo dipunparingi kesempatan kemawon supados tumut ujian. Mangke kula kaliyan Ibu Yani badhe maringi pendhampingan, ugi home visit, mbokbilih saged mbiyantu Bimo supados saged kasil anggenipun ujian,” aturku karo mengo marang palenggahane Ibu Yani. Piyambake manthuk tandha sarujuk. Wasana, Bimo ora sida ditokake saka sekolah. Atiku muji syukur ing ngarsane Pangeran.

***
Dina candhake aku adum tugas karo Bu Yani. Bu Yani tugase menehi bimbingan motivasi kanggo Bimo, dene aku kebageyan home visit menyang omahe Bimo. Kebeneran omahe Bimo ora adoh saka omahku ing Sawojajar. Mung wae omahe Bimo ana kampung ing pinggir kali. Dina minggu awan bakda saka greja aku marani omahe Bima tanpa wara-wara. Jebul omahe Bima pancen njepit banget, ora bisa diliwati nganggo tumpakan sepedha motor. Aku weruh dhewe saben dina Bimo tansah mlaku mangkat mulih tumuju sekolah, kamangka dohe udakara 6 kilometer. Aku mbayangke, bocah iki sejatine nduwe semangat sinau sing gedhe.
Sawise takon-takon saben gang, aku kasil nemokake omahe Bimo. Aku ngadeg jegreg ing ngarep omah gedheg dhoyong. Atiku kaya diiris-iris welat. Dhadhaku mbedhodhog tanpa bisa ngucap. Dhuh Gusti, batinku ndonga. Mugi paring kawelasan dhateng kulawarga punika. Omah iku ukurane kira-kira mung rolas meter persegi. Gedhege akeh sing wis tambalan. Kiwa tengene kebak barang-barang rongsokan. Dalane mblekuk kaya jogangan. Ing buri omah iku ana papringan lan kali sing iline banter. Aku ndhodhog lawing kanthi uluk salam.
“Kulonuwun!,” aturku. Ora enggal ana wangsulan. Dakbaleni uluk salam nganti ping telu, lagi ana wangsulan.
“Monggo …,” ana wong kuru aking mbukak lawang. Praupane pucet sajak lagi lara. Ambegane mengkis-mengkis, mbokmenawa duwe lara seseg. Sajak kebak pitakon, sanajan ora diucapake.
“Punapa griyanipun Bimo ngriki? Kula gurunipun …,” aturku.
“Monggo … monggo Pak. Monggo pinarak ngriki,” ature karo rambatan cagak. Aku ora mentala, banjur melu ndhabyang kareben ora nganti tiba.
“Kangge sare mawon pak,” aturku. Ora suweo Pak, ibune Bimo teka, karo nggawa sayuran lan buntelan plastik. “Monggo Pak, pinarak. Nggih punika papan dunungipun Bimo. Piyambakipun nembe pados ulam ing lepen, kangge tambah tumbas beras.”
Jebul bapake Bimo pancen wis suwe olehe gerah. Sadurunge gerah penggaweane narik becak, nanging saiki ora duwe daya. Mula sing ngganteni golek kaya, ya ibune Bimo. Penggaweane mung buruh nyuci lan nyambut gawe srabutan. Bimo, sanadyan sekolah, yen ana wektu lodhang uga nyambut gawe kanggo mbantu wong tuwane. Atiku trenyuh banget nyipati kahanane Bimo lan keluargane. Aku uga oleh keterangan yen Bimo tau ora mlebu sekolah nganti pirang-pirang dina jalaran bapak ibune lara. Bimo kepeksa ngganteni tugase wong tuwane.
Hasile olehku home visit takaturake marang bapak ibu guru ana ing rapat candhake. Kabeh sarujuk, Bimo lan keluargane kudu dibiyantu supaya bisa tetep sekolah nganti lulus. Lulus saka SMP aku wis ora weruh perkembangane Bimo. Jare Bu Yani, Bimo nerusake ing sawijine SMA kanthi pambiyantu sawijine yayasan pendidikan. Embuh kepriye critane kok Bimo banjur bisa mlebu AKABRI.

***

“Kula sapunika dhinas wonten Mabes TNI ing Cilangkap pak. Awit saking donga pangestu Bapak, karir kula lancer. Sapunika kula sampun emah-emah lan kaparingan momongan cacah kalih lan sampun sami sekolah ing SMP,” critane Bimo. Aku ngrungokake kanthi linambaran rasa bungah lan mongkog. Ora ana sing bisa nggedhekake atine guru kajaba yen murid-muride bisa dadi wong-wong sing sukses! Aku kaya ora kober kedhep nyawang pawongan gagah ing ngarepku iki. Rasane kaya ngimpi bae, yen Bimo sing biyen awake ora karumat saiki manjalma dadi priyayi gagah gedhe dhuwur lan bagus.
“Kaleresan setunggal minggu punika wonten tugas ing Malang, lan kula merlokaken sowan Bapak. Kula sampun boten gadhah keluarga ing Malang. Sasampunipun bapak kapundhut Gusti watawis sedasa taun kapengker, ibu lajeng kula boyong dhateng Jakarta, ngiras pantes tumut momong lare-lare.” Ora krasa olehe crita nganti dawa banget, nganti tekan titi wancine bel bubaran sekolah. Sadurunge pamit, Bimo dakpethukake karo Bu Yani sing biyen tau melu mbimbing nganti saiki bisa dadi wong sing migunani tumrap nusa bangsa.
Sapungkure Kapten Bimo pamitan, aku isih durung bisa ninggalake wewayangane ing pamikirku. Saka olehku lelimbang, tinemu keyakinan kang saya bakuh : murid iku dhasare ora ana kang nakal, ora ana kang mursal. Akeh-akehe, murid-murid sing katone nakal iku sejatine mbutuhake kawigaten mironggan saka para guru. Ing jaman saiki, rikala donya ngalami owah-owahan kang saya tanpa kendhali, bocah-bocah kaya diumbar ing segara jembar tanpa baita. Bocah-bocah iku bisa kelem keblebeg lan nemahi tiwas. Mula saka iku kanggo para dewasa, luwih-luwih kang katimbalan dadi guru, kudu luwih nengenake ngancani lan mbiyanti para mudha anggone nata uripe, tinimbang menehi ilmu-ilmu sing nyata-nyata luwih gampang dikuwasani. Ya, muga-muga bae, owa-owahane jaman iki bakal ngasilake generasi kang luwih kuwat prakosa, kanggo mapag Jaman Kencana, jaman keemasan tumrap nusa bangsa.

***
*) Cerpen ini memenangkan lomba penulisan Cerpen bahasa Jawa HUT yayasan Karmel 2014 (juara II).

Cerkak 1

Markus Basuki bersama isteri


PAK GURU MARTO*)
Dening : Markus Basuki


Jum’at Wage, 1 November 2013
            Jam 6 sore aku wis nyengklak sepedha motor ngener terminal Arjosari. Saka omahku ing Sawojajar dohe terminal watara sepuluh kilometer. Atiku madhep mantep arep nyekar menyang Gunungkidul. Bojoku ora pati mudheng karo kekarepanku, jalaran pancen rencana nyekar iku dadakan. Karodene, aku wis bola-bali nyekar leluhur saben-saben tilik wong tuwa ing desa. Nanging, nyekar sing iki pancen mironggan, jalaran wis puluhan taun aku ora nate sanja lan ndonga ing pasareyan iki. Dudu sanak dudu kadang, nanging kala katimbalan ing Gusti aku rumangsa kelangan banget. Emane kala semana aku ora bisa nglayat jalaran wis nyambut gawe ing kutha Malang.
            Isih cetha ing memoriku, tengah wengi malem Jum’at wingi aku tangi gragapan, jalaran ngimpi. Ing pangimpen iku, kaya-kaya aku kepethuk Pak Marto, guruku. Ngagem tesmak blengker ireng lan ora lali kopiah rada kusem, nuntun sepedha pancal lanang. Ing boncengan ora lali ana tas kulit isi buku-buku. Pasuryane pucet kaya lagi gerah, ewadene isih kober mesem karo nyawang aku. Astane gemeter nyekel stang sepedha tuwa merk Humber iku.
            “Bas, tulungana aku ya le!”, ngendikane kanthi alon, kaya tanpa daya.
            “Inggih Pak!,” wangsulanku karo sigap mlayoni Pak Marto sing wis meh ambruk ing dalan nggronjal. Iba kagetku, bareng sepedha arep takcandhak Pak Marto lan sepedhane ilang musna.
            Tengah wengi iku aku thenger-thenger nggagas impenku. Batinku kebak pitakonan. Sesuk tanggal 2 November mbeneri riyaya para arwah. Apa iki minangka pratandha, manawa Pak Marto mbutuhake donga? Apa amarga aku wis nglalekake guru sing gedhe banget jasane tumrapku? Mbokmenawa loro-lorone! Ya merga saka iku banjur tuwuh niyatku kepengin nyekar pesareyane ing desa.
Jam setengah sanga bengi bis malam Handoyo jurusan Ngayogya budhal. Aku oleh papan buri dhewe jalaran dadakan tuku karcis. Nanging ora dadi ngapa, sing penting enggal bisa tekan panggonan. Sanajan oleh papan ing buri, aku bisa turu angler. Malah rikala bis mandheg ing kutha Ngawi saperlu menehi kesempatan penumpang padha mangan, aku pilih turu ana ing bis. Jam papat esuk bis mlebu terminal Giwangan, aku cepet mudhun lan golek sarapan sega pecel karo kopi kenthel. Marga wektu isih longgar ora ana alane aku adus pisan ing terminal, dimen mengko ora perlu adus maneh ing desa. Ora watara suwe bis sepisanan jurusan Wonosari wis cumawis. Bis cilik aran Wolu iku durung ana penumpange. Sopir lan kernete sajake isih ngombe kopi sinambi nunggu penumpang.

***

Kembang lan lilin wis cumawis, kari nggawa gathul lan arit kanggo reresik kuburan. Aku budhal menyang pesareyan dikanthi ponakan cacah loro. Esuk iku aku kaya-kaya sajak kesusu budhal menyang pesareyan. Ing batin daya-daya enggala bisa nemokake pasareyane lan bisa enggal kirim donga kagem guruku sing banget dakurmati. Iki pancen luputku! Aku wis lali ngendi kubure jalaran wis puluhan taun ora tau ngendhangi. Mula aku mung njagakake pituduhe pak Jurukunci, sing apal siji-sijine pesareyan. Sing takjagakake jebul pas lagi reresik kalenan sakiwa-tengene makam.
“Pak, sugeng enjang!,” sanjangku uluk salam.
“Sugeng enjang mas,” wangsulane grapyak semanak, karo ngresiki astane sing gubrat lendhut. “Badhe nuweni pasareyanipun sinten?,” candhake.
“Anu pak, badhe nyuwun priksa pasareyanipun pak Marto pundi nggih?,” aturku.
“Pak Marto ingkang pundi? Ngriki wonten pinten-pinten asma Marto,” ngendikane.
“Asma jangkepipun Mangku Sumarto, rumiyin ngasta dados guru ing SMP Sanjaya,” aturku njangkepi.
“Ooo, Pak Mangku ta? Mrika mas, sisih wetan. Caket kaliyan maesan marmer ingkang wonten gambar garudha punika!,” ngendikane karo nuding ngetan.
“Matur nuwun pak,” aturku karo nyaosi tukon udut. Pak Jurukunci iki ora oleh gaji, nanging pagaweyane abot, kudu ngreksa kuburan kang amba iku. Mung yen mangsa panen bae para warga urun asil panenan kanggo panjenengane. Mula yen pinuju nyekar ora lali nadyan sethithik akukudu  ngaturi tukon udut.
Gage aku marani kuburan sing ora karumat iku. Sajake kijing watu iku bubar keleban, mula meh bae ora katon. Sajake pasareyane Pak Marto iku pancen ora ana sing ngrumat babar pisan. Aku lagi eling, yen Pak Marto iku ora kagungan keluarga maneh. Mula kuburane bae ora ana sing ngendhangi, ngrumat, apamaneh ndongakake arwahe. Atiku kaya diiris-iris! Tanpa dakrasa luh ing pipiku dleweran. Atiku goreh. Aku rumangsa luput, ora tau nggape, ora tau eling lan ngendhangi pesareyane Guru Idolaku iku. Kepeksa aku njaluk tulung Jurukunci, kareben mbenakake kuburane Pak Marto sing meh rata iku. Maesane kudu didhongkel, diganjel lan diresiki. Nah, saiki pesareyan iki katon tumata.
Bubar nyumet lilin lan nyebar kembang aku lungguh sila ing ngarep pasareyane Bapak Mangku Sumarto. Ing maesan watu isih katon tulisan lamat-lamat : R. I. P.,  F. X. Mangku Sumarto, seda tanggal 2 November 1988. Aku lagi dhamang, dina iki pas selawe taun panjenengane kapundhut Gusti. “Dhuh Gusti, paringa kawelasan dhumateng arwahipun guru kawula, Bapak Mangku Sumarto. Kaapuntena sadaya kalepatanipun. Kaparingana swarga minulya,” dongaku tulus. Luwih saka karotengah jam aku lungguh ing kono. Mripat merem, lambe mingkem, nanging atiku kebak donga. Rasane atiku tentrem, ora bisa ginambarake. Kaya-kaya aku bisa kepethuk sapejagong karo Pak Marto. Kaya-kaya panjenengane lungguh ing ngarepku, ulate padhang lan eseme tulus. Ing batin aku prajanji, mengko yen tekan Malang aku kudu nyuwun ujub Mis Suci mironggan kagem guruku iki.

***

Sasi Desember taun 1977, bakda pengumuman lulusan SMP, aku ditimbali Pak Marto. Ing dingklik dawa ngarep kantor guru panjenengane lenggah njejeri aku. Astane ngasta lembaran biji-biji asile ujian sekolah kala iku.
“Bas, kowe arep nerusake sekolah menyang ngendi?,” ngendikane.
Aku ora enggal wangsulan. Pikiranku isih bingung jalaran ora nduweni rencana sing gumathok. Ing batin, aku tau nggagas, bubar sekolah SMP aku arep nusul kangmasku menyang Jakarta. Jarene, ing Jakarta akeh pagaweyan. Ora ana niyat babar pisan kanggo nerusake sekolah. Aku weruh dhewe, kanggo urip padinan bae wong tuwaku kudu buruh tani ngalor ngidul. Atiku goreh, atiku bingung.
“Bas, bijimu apik banget. Eman yen kowe ora nerusake sekolah. Kepriye yen kowe nerusake menyang SPG bae? Mengko dakrewangi ngurus sarat-sarate. Aku yakin, kowe bisa dadi guru sing mumpuni!,” ngendikane mbombong atiku. Aku durung sumaur, nanging jujur, atiku bungah banget yen bisa nerusake sekolah. Atiku bungah banget yen bisa dadi guru, luwih-luwih bisa nerusake karyane Pak Marto.
“Kepriye Bas? Nerus ya! Aja kuwatir, sakabehe godha rencana mesthi bisa kabengkas yen ana niyat! Sing penting aja kendhat nyenyuwun ing Gusti. Percayaa Bas, aku biyen uga kaya kowe nasibe. Nanging Gusti paring dalan, mula sanajan turune wong papa, aku bisa dadi guru!,” ngendikane nambahi manteb atiku.
Lulus saka SMP pancen aku mlebu SPG kaya dhawuhe Pak Marto. Malah, saka bantuane Pak Marto aku kasil oleh beasiswa barang. Bubar lulus SPG aku oleh beasiswa maneh mlebu perguruan tinggi, sing wiwit sakala babar pisan ora tau dakgagas lan daknalar. Ngendikane Pak Marto manawa manungsa iku kudu tansah ikhtiar lan ndedonga ing Gusti, dadi piyandelku kanggo berjuang ing jaman ini.
Ing kalodhangan liya Pak Marto isih kober maringi piyandel liya. Iki diparingake rikala aku ngancik kelas loro SPG. Piyandel iki dudu awujud gegaman utawa pusaka, ananging wujud wejangan ringkes mentes: “Pawitane wong urip iku kudu temen nyambut gawe, jujur lan sumarah ing Gusti Allah. Urip iku ibarate wong nenandur, yen sing koktandur becik, ing mbesuke kowe bakal panen kabecikan. Yen sing koktandur ala, ing mbesuke kowe bakal panen kasangsaran!.” Piweling iki sing nganti saiki isih taksimpen lan dakuri-uri. Ya piweling iki uga sing saiki mesthi dakdum warata kanggo kabeh muridku ing sekolahan. Aku kepengin dadi guru kang mumpuni kayadene Bapak Fransiskus Xaverius Mangku Sumarto.

***

Senin Pahing, 4 November 2013

Jam 6 esuk aku nyengklak sepedha motor tumuju sekolah. Saka omahku, sekolahan papane nggonku ngabdi dohe udakara 6 kilometer. Dina iku atiku rumangsa mongkog lan longgar. Sanadyan sarapane mung lawuh tempe goreng nanging rasane ngluwihi iwak daging. Kanthi penuh semangat aku sumedya mulang muruk marang murid-murid kang daktresnani. Pitutur lan piweling saka swargi Bapak Guru Marto kaya-kaya dumeling saya banter ing atiku. Urube semangat ngabdi bangsa lan nagara ing jagade pendhidhikan kaya-kaya saya makantar-kantar. Bapak Guru Marto kaya sugeng maneh ing anggaku!
Wayah awan bakda mulang aku ditimbali Kepala Sekolah. Aku diparingi layang saka Dinas Pendidikan. Isine layang, aku kudu enggal-enggal sowan ing dinas pendidikan amarga ana prakara sing kudu dirampungake.
Kanthi numpak Suzuki taun wolungpuluhan kang tansah setya ngancani anggonku makarya, aku njranthal tumuju kantor dinas. Ing kana wus akeh kanca guru sing padha antri ngisi blanko ana loket sing wis dicawisake. Racake kanca-kanca guru padha sumringah polatane.
“Ana apa?,” pitakonku marang sawijine guru.
“Ana rapelan TPP,” wangsulane karo tetep bikut nulis ing blanko-blanko iku.
Sakala atiku bungah banget. Sing sepisanan takgagas ora liya Bapak Marto, guruku sing banget daktresnani. Mbokmenawa iki dongane Pak Marto ing swarga. Aku kepengin enggal-enggal bali mulih, saperlu weweh pawarta kabungahan marang sisihan lan anak-anakku. Bener ngendikane pak Marto, yen sabarang kangelan iku disangga kanthi sareh lan sumarah ing Gusti Allah mesthi tembene bakal antuk kamulyan. Sasuwene iki aku tansah sabar nadyan TPP durung mudhun nganti setaun. Panggaweyan mulang ora kena kendho mung jalaran TPP ora lancar. Lan saiki, wayahe Gusti paring kanugrahan!
Tekan ngomah sisihanku sajak gumun nyawang praupanku sing mesem ngguyu.
“Ana apa Pak, kok sajak bungah atine?,” pitakone.
“Bu, iki pandongane Bapak Marto, guruku sing wingi pasareyane dakendhangi. Saiki endi kartu SPP-ne bocah-bocah, kabeh bakal daklunasi!” Bojoku durung mudheng-mudheng. Mula sabanjure aku mbisiki sisihanku sing banget daktresnani, “Aku oleh rapelan TPP sing macet setaun iku!” Sakala bojoku katon bungah atine lan muji syukur marang Gusti Allah. Dhuwit pancen dudu sing paling utama ing uripe manungsa, nanging bisa minangka sarana kanggo mbangun panguripan. Pak Guru Marto, guruku, idolaku wis paring tuladha!
Malang, 29 Desember 2013

Catatan :
Cerpen ini memenangkan lomba menulis cerpen bahasa Jawa HUT yayasan Karmel ke-88 tahun 2014 (juara I).