Minggu, 21 Februari 2016

Guritan : Dalan Rumpil



Markus Basuki
DALAN RUMPIL

Dalan iki,
Wus suwe dakliwati ...
Wiwit tumaruna, nganti wredha,
Jaman manual nganti dhigital,
jaman mekanik nganti elektrik,
angin midid  nganti prahara gendra owah-owahan,
mung ngugemi dhawuh dalem Gusti!
Ngreksa jiwa taruna, mrih kalis bebendu jaman!
Nadyan tanpa sunar, tanpa gebyar ...
Nadyan doh ing kamulyan!

Dalan iki,
Kang tansah dakugemi ...
Jer dadi pilihan, dadi palerenan pungkasan
wiwit ngudi ngelmu, kawruh pandadaran,
sigra kababar kaudhar ing pasinaon,
mrih migunani tumrap tyang gesang.
Ngelmu urip lan panguripan, ngelmu nyata lan kasunyatan.
Jer ngelmu kudu tinangkar, sinebar mring pra taruna.
Delengen, ...
Pra taruna ngelih ngorong ing budi ...
kaya kasrimpet mendhung peteng, doh ing sunaring kautaman ...
kaya kelangan enggok marganing urip,
kaya piyik kelangan pitik, kaya minthi kelangan menthog.
Sapa tega sumingkir?

Dalan iki,
Ora bakal daksingkiri ...
Nadyan rumpil kebak krikil,
nadyan jeblok kebak blethok,
gawe tentreming jiwa, gawe ayeming raga!
Iki dalanku,
iki margaku,
iki timbalanku!!
Timbalan jati!!


Malang, 29 Desember 2015

Guritan : Lelimbang



Markus Basuki
LELIMBANG

Juli, wolung puluh lima,
Minangka pambukaning carita,
Winisuda dwija mudha taruna,
daktinggal pawiyatan utama,
daktinggal siti bawera!
Umub dhadhaku makantar,
dimen enggal ngabdi ing Sekolah Dasar,
ndhedher wiji, ngelmu kababar,
minangka guru anyar,
nadyan cekak cingkrang ing bayar!

Juli, sangang puluh lima,
Ngancik gigiring carita,
Sang tumaruna wus palakrama,
nyandhing kenya sulistyeng warna,
sigra peputra triatmaja.
Wuluwetu cupet, gaduk tuna,
sandhang tedha sarwi prasaja,
tan ana palerepan, tan ana palerenan ...
Sanggan  bot sinangga,
ning Gusti tan sare,
gya tebyeng panggodha,
setya tuhu ring bale wisma!

Juli, rong ewu lima,
Manjing telenging carita,
Jagad owah tambah bubrah...
Godha rencana saya ndadra ...
Prasetyaku diorat-arit...
Timbalanku diodhal-adhil...!!
Nanging ...,
panggodha sujud tumungkul,
kapitayan asung kekiyatan, mring kasetyan jati,
setya tuhu mring bale wisma,
setya tuhu mring timbalan, minangka guru!!

Juli, rong ewu limalas,
Srengenge wus gumlewang ...
Saur sembur, cecawis nyapih taruna,
asung sangu mring pra putra,
mrih ngabdi praja, mbangun brayat ageng!
Wis titi wanci nata dhiri,
ngendali hawa nepsu,
sarwi tansah sumujud mring Hyang Gesang!
Sinambi nengga titi wanci,
katimbalan marak dhampar kamulyan,
atur kondur pisungsung gesang :
timbalan minangka GURU!

Malang, 29 Desember 2015



Guritan : Prasetyaku



Markus Basuki
PRASETYAKU

Nimas, gantilaning ati ...
Kepriye sun asung cinandra
prasetyaku lan prasetyamu ...?
Donya bubrah dledah,
setya tuhu den geguyu ...
mimi mintuna, denanggep kuna ...
piwucal wus ical ...
sembur adas dadi ampas ...
amblas bablas kagerus jaman!

Nimas, gantilaning ati ...
Kepriye sun asung cinandra
prasetyaku lan prasetyamu ...?
Segawon Hachiko ing stasiun Shibuya?
Apa profesor Hidesaburo Ueno, sang sinuba?
Sona asung pratandha...
Tetiyang asung pralambang ...
Mrih sinudarsana!
Jebul, ... saya tebih ing panjangka!

Nimas, gantilaning ati ...
Kepriye sun asung cinandra
prasetyaku lan prasetyamu ...?
Patuladhan tanpa guna ...
Saur sembur tanpa wisa ...,
yen ta  ati cengkar ing sih!
Nimas,
Atiku, prasajeng wardaya,
Niyatku, tulus mulusing cipta,
Tanpa gurit tanpa gita,
tanpa wicara tanpa alembana.
Golong gilig ing batos,  
manah setya tuhu, trubus burus lurus,
mrih langgenging katresnan jati!
Prasetyaku lan prasetyamu ...
tanpa rewa-rewa!

Malang, 28 Desember 2015 

Guritan : Malang Kutha pendidikan



Markus Basuki
MALANG KUTHA PENDIDIKAN

Ing sakala,
Sang Dewashima, sang sinuci nging Putikewara,
Peputra Sang Sinatriya, Gajayana ...
Lenggah dhampar kencaning Kanjuruhan ...
Misuwur, gemah ripah loh jinawi!!
Brahmana, satriya, kawula, samya suyud ing pamuji,
mrih santosaning nagri.
Malangkucecwara, ...
sinebut-sebut ing donyaning sasmita!

Malang, ...
Nagri sewu kartika, mijil ring kawula,
paring pangajeng-ajeng jati,
gesang mulya, mulyeng wardaya.
Para kawula, anglur selur samya mara,
arsa nyecep aruming gesang,
manunggil ing brayat ageng,
dedunung ing siti bawera ...!
Pinayungan  ardi satangkep,
linambaran bengawan Brantas,
estu kitha kebak pangaribawa ...

Malang, ...
Jagading pariwisata, titi tumata ...
Jagading budaya, lestari kauri-uri...
Jagading dedagangan, kadya tan sela ...
Jagading tetanen, subur makmur misuwur ...
Jagading pawiyatan ....
tan kapetang tan kawilang,
alit ageng andhap inggil,
wit kawula timur, taruna, diwasa,
sadaya sumadiya....
hamung linandhesan niyat tulus iklas,
greged sengkut  ngabdi nusa bangsa,
bangsa Indonesia!

Malang, 19 Januari 2015