KAPTEN BIMO*)
Dening
: Markus Basuki
Aku lagi bae arep lungguh ana
ruwangan guru, rikala Bu Rosa, pegawai Tata Usaha nemoni aku. Wektu iku aku
lagi bubar mulang terusan nganti 6 jam pelajaran. Karepku arep ngaso sedhela
lan ngombe wedang teh kanggo nelesi tenggorokan sing krasa garing. Dina iki
pancen aku ora kober ngaso jalaran kelasku klebu paling adoh saka kantor guru,
mula kala pergantian jam pelajaran aku ora ninggalake kelas.
“Pak, dipuntengga tamu!,” ujare
kenya kang durung ganep nem sasi ngabdi ana sekolahku.
“Tamu saka ngendi?,” pitakonku
sajak gumun. Sasuwene iki aku arang banget nampa tamu yen lagi dhines, kajaba
tamu wali murid.
“Asmanipun Pak Bimo. Ketingalipun
satunggiling perwira TNI,” wangsulane Bu Rosa. Mak dheg, rasane atiku. Gek sapa
ya, batinku kebak pitakon. Thukul ing pamikirku, aja-aja gek ana prakara sing
gegayutan karo hukum. Utawa aja-aja aku gawe luput marang salah sijine muridku,
sing bapake sawijine perwira TNI. Sadurunge nemoni tamu mau aku ngleremake ati
sarana ngombe wedang nganti entek. Aku unjal ambegan banjur alon-alon mlaku
tumuju ruwang tamu sekolah. Saka kadohan aku bisa nyipati ana sawijine priyayi
gagah gedhe dhuwur ngagem sragam tentara. Saka kadohan katon yen pangkate rada
dhuwur. Yen ora kleru priyayi kuwi pangkate kapten. Taksawang ora ana
tandha-tandha yen lagi nesu. Malah astane ngapurancang karo mesem karo aku.
Atiku rada ayem.
“Sugeng enjang Pak!,” ature sopan.
“Sugeng enjang. Panjenengan
sinten? Lan wonten keperluan punapa manggihi kula?,” pitakonku sajak ora
mudheng.
“Pak, punapa panjenengan pangling?
Kula murid Bapak!,” ature karo ngulungake astane saperlu salaman.
“Sinten nggih?,” aku panggah
durung mudheng, malah saya ndomblong.
“Pak sampun basa ta! Kula murid
Bapak ing SMP ngriki, tamat taun 1993. Kula Bimo Pak. Jangkepipun Aloisius Bimo
Anoraga. Rumiyin ingkang nakal sanget punika lho!,” ature menehi penjelasan.
Aku lagi eling, iki Bimo sing biyen pancen nakal kae.
“Bimo … Bimo! Wah wah wah … saiki
lha kok jebul dadi wong temenan kowe!,” gapyuk aku banjur ngrangkul priyayi
gedhe dhuwur iku. Aku ora bisa ngucap maneh, luhku ndlewer eling lelakon jaman
semana.
“Pak, kula saged kados makaten
punika jalaran saking Bapak. Kula ngaturkaken agenging panuwun Pak!,” ature
Bimo karo ngusap luhe kang uga dleweran. Bimo pancen nduwe sejarah surem rikala
isih sekolah SMP. Lan aku kalebu guru sing mati-matian mbela Bima rikala
kesandhung masalah ana sekolah. Aku ora bisa wangsulan. Atiku mbedhedheg kebak
rasa, seneng, trenyuh, sedhih, mongkog lan nelangsa campur bawur dadi siji.
Pikiranku nglambrang marang kedadeyan rongpuluh taun kepungkur.
***
Kala semana mbeneri persiapan
Ujian Akhir. Ing sajrone rapat guru ana prakara wigati sing dirembug. Ana salah
sijine murid sing nglanggar peraturan abot, yaiku gelut karo bocah saka sekolah
liya. Miturut tata tertib, kanggo kasus kaya mangkene sekolah bisa langsung
ngetokake laying kang isine, murid mau dibalekake marang wong tuwane. Lan murid
sing kena kasus mau ora liya, Bimo.
“Miturut cathetan, Bimo punika
sampun mbolos ambal kaping 12. Mangka miturut tata tertib, ing satunggaling
semester namun pikantuk mbolos kaping 6. Lha, punika katambahan kasus awrat:
gelut kaliyan murid saking sekolah sanes. Pramila, kula gadhah usul, lare
punika dipundalalen kemawon. Menawi boten, mangke saged suka pengaruh awon
tumrap murid sanesipun!,” mangkono ature Pak Budi, kang ngurusi bidhang kesiswaan.
Rapat saya panas, jalaran para
guru wis padha tau kecenthok atine amarga Bimo. Bapak Kepala Sekolah dhewe
durung paring keputusan. Bapak ibu guru isih diparingi wektu kanggo atur
pamrayoga, supaya keputusan mengkone ora gawe kapitunan tumrap sekolah lan
tumrap Bimo dhewe. Atiku goreh. Minangka sekolah swasta, pancen kudu wani
ngetrapake disiplin. Nanging, Bimo iki sedhela maneh kudu ngadhepi ujian
pungkasan. Yen ditokake saka sekolah mesthi dheweke ora bisa sekolah maneh. Aku
tau krungu dhewe Manawa keluargane Bimo iku uripe rekasa banget. Nanging yen
pelanggaran abot mau ditogake, bisa-bisa
sekolah iki bakal bubrah! Ing batin aku ndonga, muga-muga Gusti paring
dalan sing padhang, paring keputusan sing wicaksana. Wusana kanthi ati kebak
rasa kuwatir aku matur ana tengahing rapat.
“Bapak ibu, kula gadhah pamanggih
makaten. Wekdal punika miturut kula, kita kedah ngatos-atos damel keputusan,
jalaran boten dangu malih lare-lare badhe ujian. Kita sami saged ngraosaken,
bilih lare-lare punika estonipun manahipun sami kebak rasa kuwatir ingkang
awrat. Kula gadhah panduga, yen Bimo punika ugi ngalami raos makaten. Pramila,
kula gadhah pamrayoga, bilih Bimo kedah pikantuk pendampingan ingkang mironggan,”
aturku. Aku ngerti para guru akeh sing ora sarujuk karo usulku. Akeh sing
nyucuh, maido, malah ana sing cubriya karo aku. Ana sing nduga, aku nduwe
kepentingan pribadi ing prakara iki.
Rapat tambah panas, rikala wali
kelase dhewe ora lila yen Bimo diwenehi kesempatan melu ujian. Aku kaya-kaya
ora ana sing mbela, ora ana sing sarujuk. Ngertiku, sing sarujuk karo panemuku
mung guru BK. Bu Yani, guru BK sing wis bola-bali ndangu Bimo, atur pamrayoga
ing tengahing rapat.
“Bapak ibu, kula sarujuk kaliyan
aturipun Pak Basuki. Bimo punika ibaratipun saweg sakit. Miturut kula
piyambakipun kedan kabiyantu murih saged saras. Yen lare punika dipun dalaken
saking sekolah mriki, punika ibaratipun tiyang sakit malah dipunbucal!,” ature
mantep banget. Aku rumangsa dijurung dening Bu Yani. Ing ati aku isih ndonga
muga-muga Bimo bisa tetep sekolah lan bisa lulus kanthi lancar. Lha rak tenan,
ature Bu Yani pancen nambahi swasana dadi panas. Nanging daksawang Bapak Kepala
Sekolah tetep sareh, ora kena pengaruh karo panase swasana.
“Bapak ibu ingkang kula urmati,
mangga kita sami wening sawetawis. Mangga, kita sami nglelimbang, saumpami Bimo
punika anak kita piyambak. Margi pundi ingkang badhe kita tempuh? Mangga, kita
wening lan pados keputusan ingkang wicaksana.” Bapak Kepala Sekolah ngendika
kanthi alon kebak pangati-ati. Swasana kang panas mau dumadakan malih dadi lerem,
sepi. Ora ana maneh kang nduweni usul supaya Bimo ditokake saka sekolah.
“Pak, kula gadhah usul. Bimo
dipunparingi kesempatan kemawon supados tumut ujian. Mangke kula kaliyan Ibu
Yani badhe maringi pendhampingan, ugi home
visit, mbokbilih saged mbiyantu Bimo supados saged kasil anggenipun ujian,”
aturku karo mengo marang palenggahane Ibu Yani. Piyambake manthuk tandha
sarujuk. Wasana, Bimo ora sida ditokake saka sekolah. Atiku muji syukur ing
ngarsane Pangeran.
***
Dina candhake aku adum tugas karo
Bu Yani. Bu Yani tugase menehi bimbingan motivasi kanggo Bimo, dene aku
kebageyan home visit menyang omahe
Bimo. Kebeneran omahe Bimo ora adoh saka omahku ing Sawojajar. Mung wae omahe
Bimo ana kampung ing pinggir kali. Dina minggu awan bakda saka greja aku marani
omahe Bima tanpa wara-wara. Jebul omahe Bima pancen njepit banget, ora bisa
diliwati nganggo tumpakan sepedha motor. Aku weruh dhewe saben dina Bimo tansah
mlaku mangkat mulih tumuju sekolah, kamangka dohe udakara 6 kilometer. Aku
mbayangke, bocah iki sejatine nduwe semangat sinau sing gedhe.
Sawise takon-takon saben gang, aku
kasil nemokake omahe Bimo. Aku ngadeg jegreg ing ngarep omah gedheg dhoyong.
Atiku kaya diiris-iris welat. Dhadhaku mbedhodhog tanpa bisa ngucap. Dhuh
Gusti, batinku ndonga. Mugi paring kawelasan dhateng kulawarga punika. Omah iku
ukurane kira-kira mung rolas meter persegi. Gedhege akeh sing wis tambalan.
Kiwa tengene kebak barang-barang rongsokan. Dalane mblekuk kaya jogangan. Ing
buri omah iku ana papringan lan kali sing iline banter. Aku ndhodhog lawing
kanthi uluk salam.
“Kulonuwun!,” aturku. Ora enggal
ana wangsulan. Dakbaleni uluk salam nganti ping telu, lagi ana wangsulan.
“Monggo …,” ana wong kuru aking
mbukak lawang. Praupane pucet sajak lagi lara. Ambegane mengkis-mengkis,
mbokmenawa duwe lara seseg. Sajak kebak pitakon, sanajan ora diucapake.
“Punapa griyanipun Bimo ngriki?
Kula gurunipun …,” aturku.
“Monggo … monggo Pak. Monggo
pinarak ngriki,” ature karo rambatan cagak. Aku ora mentala, banjur melu
ndhabyang kareben ora nganti tiba.
“Kangge sare mawon pak,” aturku.
Ora suweo Pak, ibune Bimo teka, karo nggawa sayuran lan buntelan plastik.
“Monggo Pak, pinarak. Nggih punika papan dunungipun Bimo. Piyambakipun nembe
pados ulam ing lepen, kangge tambah tumbas beras.”
Jebul bapake Bimo pancen wis suwe
olehe gerah. Sadurunge gerah penggaweane narik becak, nanging saiki ora duwe
daya. Mula sing ngganteni golek kaya, ya ibune Bimo. Penggaweane mung buruh
nyuci lan nyambut gawe srabutan. Bimo, sanadyan sekolah, yen ana wektu lodhang
uga nyambut gawe kanggo mbantu wong tuwane. Atiku trenyuh banget nyipati
kahanane Bimo lan keluargane. Aku uga oleh keterangan yen Bimo tau ora mlebu
sekolah nganti pirang-pirang dina jalaran bapak ibune lara. Bimo kepeksa
ngganteni tugase wong tuwane.
Hasile olehku home visit takaturake marang bapak ibu guru ana ing rapat candhake.
Kabeh sarujuk, Bimo lan keluargane kudu dibiyantu supaya bisa tetep sekolah
nganti lulus. Lulus saka SMP aku wis ora weruh perkembangane Bimo. Jare Bu
Yani, Bimo nerusake ing sawijine SMA kanthi pambiyantu sawijine yayasan
pendidikan. Embuh kepriye critane kok Bimo banjur bisa mlebu AKABRI.
***
“Kula sapunika dhinas wonten Mabes
TNI ing Cilangkap pak. Awit saking donga pangestu Bapak, karir kula lancer.
Sapunika kula sampun emah-emah lan kaparingan momongan cacah kalih lan sampun
sami sekolah ing SMP,” critane Bimo. Aku ngrungokake kanthi linambaran rasa
bungah lan mongkog. Ora ana sing bisa nggedhekake atine guru kajaba yen
murid-muride bisa dadi wong-wong sing sukses! Aku kaya ora kober kedhep nyawang
pawongan gagah ing ngarepku iki. Rasane kaya ngimpi bae, yen Bimo sing biyen
awake ora karumat saiki manjalma dadi priyayi gagah gedhe dhuwur lan bagus.
“Kaleresan setunggal minggu punika
wonten tugas ing Malang, lan kula merlokaken sowan Bapak. Kula sampun boten
gadhah keluarga ing Malang. Sasampunipun bapak kapundhut Gusti watawis sedasa
taun kapengker, ibu lajeng kula boyong dhateng Jakarta, ngiras pantes tumut
momong lare-lare.” Ora krasa olehe crita nganti dawa banget, nganti tekan titi
wancine bel bubaran sekolah. Sadurunge pamit, Bimo dakpethukake karo Bu Yani
sing biyen tau melu mbimbing nganti saiki bisa dadi wong sing migunani tumrap
nusa bangsa.
Sapungkure Kapten Bimo pamitan,
aku isih durung bisa ninggalake wewayangane ing pamikirku. Saka olehku
lelimbang, tinemu keyakinan kang saya bakuh : murid iku dhasare ora ana kang
nakal, ora ana kang mursal. Akeh-akehe, murid-murid sing katone nakal iku
sejatine mbutuhake kawigaten mironggan saka para guru. Ing jaman saiki, rikala
donya ngalami owah-owahan kang saya tanpa kendhali, bocah-bocah kaya diumbar
ing segara jembar tanpa baita. Bocah-bocah iku bisa kelem keblebeg lan nemahi
tiwas. Mula saka iku kanggo para dewasa, luwih-luwih kang katimbalan dadi guru,
kudu luwih nengenake ngancani lan mbiyanti para mudha anggone nata uripe,
tinimbang menehi ilmu-ilmu sing nyata-nyata luwih gampang dikuwasani. Ya,
muga-muga bae, owa-owahane jaman iki bakal ngasilake generasi kang luwih kuwat
prakosa, kanggo mapag Jaman Kencana, jaman keemasan tumrap nusa bangsa.
***
*) Cerpen ini memenangkan lomba penulisan Cerpen bahasa Jawa HUT yayasan Karmel 2014 (juara II).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar