Markus Basuki
DALAN RUMPIL
Dalan iki,
Wus suwe dakliwati ...
Wiwit tumaruna, nganti
wredha,
Jaman manual nganti dhigital,
jaman mekanik nganti
elektrik,
angin midid nganti prahara gendra owah-owahan,
mung ngugemi dhawuh dalem
Gusti!
Ngreksa jiwa taruna, mrih
kalis bebendu jaman!
Nadyan tanpa sunar, tanpa
gebyar ...
Nadyan doh ing kamulyan!
Dalan iki,
Kang tansah dakugemi ...
Jer dadi pilihan, dadi
palerenan pungkasan
wiwit ngudi ngelmu, kawruh
pandadaran,
sigra kababar kaudhar ing
pasinaon,
mrih migunani tumrap tyang
gesang.
Ngelmu urip lan panguripan,
ngelmu nyata lan kasunyatan.
Jer ngelmu kudu tinangkar, sinebar
mring pra taruna.
Delengen, ...
Pra taruna ngelih ngorong
ing budi ...
kaya kasrimpet mendhung
peteng, doh ing sunaring kautaman ...
kaya kelangan enggok marganing
urip,
kaya piyik kelangan pitik,
kaya minthi kelangan menthog.
Sapa tega sumingkir?
Dalan iki,
Ora bakal daksingkiri ...
Nadyan rumpil kebak krikil,
nadyan jeblok kebak blethok,
gawe tentreming jiwa, gawe
ayeming raga!
Iki dalanku,
iki margaku,
iki timbalanku!!
Timbalan jati!!
Malang, 29 Desember 2015