Selasa, 27 Januari 2015

Guritan "GURU"



Markus Basuki
G U R U

Wit sakawit wus kawuwus,
pinilih mrih nyapih,
jiwa remuk rempu ing regeman surem,
kurban jaman owah dledah,
dimen rahayu slamet jroning rangkah,
aywa bubrah dadi sangkrah!
Nadyan abot ing sanggan,
minangka patuladhan,
jer bisa ginugu lan tiniru!

Glidhig Senen nganti Setu,
yen Minggu turu, ... candrane  ngakathah!
Nanging ... iku dudu!
Jiwa raga,  ... otot bayu, ... balung getih ...
wus nyawiji ing ombyaking sih,
mring janma tumaruna!
Nadyan ringkih ing raga,
nadyan pepes ing jiwa,
guru, ... lir kartika ing langit grahana!
Yen cewet murang trapsila ,
wagu lan saru ing solah jantra,
ywa cinucuh ginuyu,
mung donga pamuji ing wardaya!

Guru ...
Gedhe urube, resik uripe!
Gentur tapane, kusuk dongane.
Singkirana malima!
Jejeg ing adil, lempeng ing cipta,
bregas ragane, suci jiwane,
mung daya-daya nggembleng generasi kencana,
tumuju bangsa mardika!
Sinambi nunggu titiwanci sinuru ...!!

Malang, 19 Januari 2015